Selasa, 10 Februari 2015

sesorah bahasa jawa



SESORAH PENYULUHAN PENGHIJAUAN

Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang dhahat kinurmatan Ketua SMP N 1 Ajibatang. Ingkang kula kurmati Ibu lan Bapak sedoyo. Boten kesupen dhumateng para siswa ingkang kula tresnani.
            Alkhamdulillah puji syukur boten kendhat kita aturaken wonten ngersanipun Gusti Alloh ingkang sampun maringi bagas waras dhumateng kula lan panjenengan sedoyo, kempal wonten acara menika.
            Para rawuh ingkang kula kurmati. Ancase Kula teng mriki badhe ngajak  para rawuh sedoyo tumut program penghijauan. Penghijauan menika artine kita sedoyo nanem wit-witan ing panggonan sing mboten enten wite utawi panggonan sing wite sami ditegor.
            Para rawuh sedoyo wanci niki sampun kedadosan pemanasan global utawi global warming. Pemanasan global kedadosan sebab wit- witan sami ditegori ngagem ndamel griya, mebel, tisu, kertas lan sesanese. Sesampune sami negori boten ditanemi malih. Dadose  daerah- daerah katah sing garing utawi tandus. Wonten kuta- kuta boten enten  lahan ijo, kita dados tiang desa  kedah bersyukur, kita saged angsal hawasing taksih seger ,bersih lan polusine dereng kathah. Dadose menawi panjenengan sedoyo pengen hawa sing bersih, ayo sami nandur  tanduran ing pekarangan kosong. Supaya kita saged njaga bumi niki.
            Para rawuh sedoyo cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
            Wassalamualaikum Wr. Wb.


2 komentar:

luvne.com resepkuekeringku.com desainrumahnya.com yayasanbabysitterku.com